• About
  • Contact
  • Sitemap
  • Privacy Policy

Macam Macam Tembung Jawa lan Macapat

 on Tuesday 6 December 2016  

Ing Wedal niku belajarku-online.blogspot bakal ngebahas babagan tembang bahasa Jawa kang sumberipu saking LKS Basa Jawa kelas X karangan Dwi Rahayu S.Pd. Lan rekan rekan kang sampun kaowah dening admin belajarku-online.blogspot.com monggo sami maos :D
Serat Wedhatama anggitanipun KGPAA Mangkunegara IV klebu salah siwijining karya sastra jawa kang wigati ing jagading kasusatran. Katitik nate kajarwakake ing basa Walanda,Inggris,Prancis. Malah kalawarti Djawa tau nganakake lomba njarwakake meyang basa Walanda(Djawa 1927). Sing dadi pemenang ing komba kasebut yaiku Zoetmulder (Prof. Dr. P.J. Zoetmulder iku bangsa Jerman ,ahli sastra Jawa Kuna ,Guru Besar Sejarah UGM,kanthi bukune sing kondhang yaiku Kalangwan ngenani studi sastra jawa kuna) serat wedhatama awujud tembang ,isine paring piwulang marang para mudha supaya ngucap lan tumindak becik,nduweni jiwa ksatria nindakake lan taat marang peraturan agama lan negara,sarta ora kelengan falsafah kejawen ,Naskah kanthi aksara Jawa sing asli disimpen ing Perpustakaan Reksa Pustaja Mangun negaraan surakarta.
Wedhatama dumadi saka 5 pupuh,100 pada . Pupuh Pangkur (ing pada 1-14),pupuh sinom (ing pada 15-32). pupuh pocung (ing pada 33-47) pupuh Gambuh ing pada 48-82) ,lan pupuh kinanthi(ing pada 83-100). Ana tembang sing kaya wis sungsum ing atine wong jawa ,malah kecakepane akeh sing apal. Tuladhane tembang kasebut yaku :
  • Tembang Pangkur(mingkar mingkur ing angkara)
  • Tembang Sinom (Nuladha laku utama)
  • Tembang Pocung (Ngelmu iku kelakone kanthi laku
Wedhatama tegese Ilmu kang utama. Kaanggi wujud tembang,amrih gampang diapalake. Ing pada kapisan, sapa wae kudu ngedohi nafsu angkara kanggo sangu nggulawenthah putra,Piwulang iku ora mung katujokake para mudha nanging uga para seuh
Sabanjure uga diterangake titikane wong pinter lan bodho. Yen wong bodho iku titikane tangsah gugu karepe dhewe yen omong cal cul tanpa dipikir luwih ndisik,kuminter wmoh yen dianggep bodho lan mendem aleman ,akeh omongannw sing tanpa guna. Dene wong pinter,alus solah bawane,adhap asor becik bebudene/tumindakake
Puisi tadisional Jawa ,diperang dadi telu yaiku :
  • Sekar Alit utawa Sekar alit Macapat : Maskumambang ,Mijil,Sinom,Kinanthi
  • Sekar madya utawa sekar Tengahan : Jurudemung,Wirarong,Girisa lan Balabak.
  • Sekar Ageng (gedhe) : Citramengeng ,Kusumastuti,Mintajiwa,Pamulatsih

Macapat saka tembung Maca+pat ,Tembung Maca tegese nglagokake lang tembung pat saka mingsed ing tembug mat kang tegese kebak pragrasa. Dadi macapat nduweni teges maca kanthi kepenak lebak ing ing pagrasa(nggatekake kaendahaning lagu)

Pathokan tembang macapat : < /br>

  1. Guru gatra : Wilangan gatra/larik saben sak pada
  2. Guru Wilangan : Wilangan wanda saben gatra
  3. Guru Lagu : Tibane swara wanda ing pungkasanne gatra
TEMBUNG MACAPAT
No Tembung Guru Gatra Guru Wilangan Guru Lagu
1 Maskumambang 4 12,6,8,8 i,a,i,a
2 Mijil 6 10,6,10,10,6,6 i,o,e,i,i,u
3 Sinom 9 8,8,8,8,7,8,7,8,12 a,i,a,i,i,u,a,i,a
4 Kinanthi 6 8,8,8,8,8,8,8 u,i,a,i,a,i
5 Asmarandana 7 8,8,8,8,7,8,8,8 i,a,e/i,a,a,u,u
6 Gambuh 5 7,10,12,8,8 u,u,i,u,o
7 Dhandhanggula 10 10,10,8,7,9,7,6,8,12,7 i,a,e/i,u,a,u,a,i,a
8 Durma 7 12,7,6,7,8,5,7 a,i,a,a,i,a,i
9 Pangkur 7 8,11,8,7,12,8,8 a,i,u,a,u,a,i
10 Megatruh 5 12,8,8,8,8 u,i,u,i,o
11 Pocung 4 12,6,8,12 u,a,i,a
Tekan sementen post wedal niku katah klenta-klentu nipun nyuwun angunging pangaksami ,post sabanjurre kulo bakal mbahas watak tembung macapat kunjungi terus belajarku-Online.blogspot.com lan mugi mugi para pamirsa kasil ilmu saking blog kawula

Macam Macam Tembung Jawa lan Macapat 4.5 5 Mr Dian Tuesday 6 December 2016 Ing Wedal niku belajarku-online.blogspot bakal ngebahas babagan tembang bahasa Jawa kang sumberipu saking LKS Basa Jawa kelas X karangan...


No comments:

Post a Comment

Kunjungi Artikel Lainnya

Contributors

Powered by Blogger.

Statistik Pengunjung Belajarku-online.blogspot.com

AmazingCounters.com

J-Theme